Silah-Silahing Ukara
Silah-silahing ukara sing perlu diweruhi ana 6 warna, yaiku:
- 1. Ukara kandha
Yaiku ukara sing ngandhakake omongan liyan kanthi persis.
Contone:
- Bapak ngendhika, "Sesuk aku menyang Jogja".
- "Kowe kudu sing sregep ngaji, dhawuhe ibu.
- 2. Ukara Crita
Yaiku ukara sing nyritakke omongan liyan mung sarine/Ringase bae.
Contone:
- Tini takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah.
- Ngendikane guru, yen sregep sinau mesthi pinter.
- 3. Ukara Tanduk
Yaiku ukara sing jejere nindakake pegaweyan.
Contone:
- Ibu mundhut jajan kanggo tukang.
- Rudi ngunduh jambu.
- 4. Ukara Tanggap
Yaiku ukara sing jejere dikenani pagaweyan.
Contone:
- Sarunge dikrikiti tikus.
- Jajane dirubung semut.
- 5. Ukara Pakon
Contone:
- Jupukna tasku ing dhuwur kursi kuwi.
- Balekna buku iki menyang omahe Budi.