Tata Carane Sesorah Sing Becik

Tata carane sesorah sing becik kababar kaya mangkene.
1. Paham lan ngerti tujuwan sesorah sing arep diandharake, ing ngendi panggonane, lan sapa wae sing mirengake.
2. Isine sesorah kudu dicocogake karo temane.
3. Kanggone sing isih ajar luwih becik kanthi maca naskah utawa ngapalake naskah luwih dhisik.
4. Nalika sesorah penampilane kudu rapi lan kebak kapitayan (percaya diri).
5. Obahe awak sing wajar wae.
6. Sabisa-bisane diwenehi lelucon utawa humor supaya ora mboseni.
7. Wektu sing digunakake aja kedawan, saperlune wae.
8. Aja nggunakake tetembungan sing dibolan-baleni.