Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Tegese Gugur Gunung Iku

Gugur gunung iku tegese nyambut gawe bebarengan. Tujuane nyambut gawe bebarengan iku kanggo nata lingkungan. Gugur gunung ditindakake ing dina Minggu. Prelune kabeh warga bisa melu gugur gunung. Kanggo ndandani lingkungan supaya tumata mbutuhake wragat ora sathithik. Gandheng dilakoni sarana gugur gunung, wragat bisa suda. Disangga wong akeh, dadi ora krasa abot. Kanthi mangkono lingkungan tetep tumata, kabeh warga seneng.