Tegese Unen-Unen Slendhang ya Sampur

Slendhang ya sampur. Unen-unen iki tegese yen utang ya nyaur, wani utang wani nyaur. Aja ketan kolak gempol legi, yen utang mretek nyaure wedi. Wong utang mono, mbok tekan akherat ya tetep isih duwe tanggungan. Dadi menawa wis tekan ngajale, kulawargane kang wajib nyaur utange mau.