Tembung Entar

Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora sak lugune, ing bahasa Indonesia diarani kata kiasan.
Tuladha:

Tembung entar Tegese
1. Abang kupinge Nesu banget
2. Abang kupingGawe nesu
3.Abang abang lambeOra temenan, mung lelamisan
4. Abang raineNandhang isin
5. Adol ayu Ngendelake ayune
6. Adol baguis Ngendelake baguse
7. Adol gaweNgatonake penggaweyane
8. Adol kringet Nyambut gawe
9. Adol kwanenNgendhelake kwanene
10.Adol krungon Golek-golek warta
11. Adol sendhe Adol barang menyang gadhen
12.Adol umuk Akeh omonge, nanging ora ana nyatane
13. Adus getih Nyambut gawe abot banget
14. Adus luhNemen anggone nangis
15.Akeh sandhungane Akeh alangane
16. Ala jenenge Kurang dipercaya
17. Ala kandhutane Ala watake
18. Ala tembunge Tembunge kasar
19. Amba jangkahe Bisa ikhtiyar mrana-mrana
20. Apus kramaDiapusi cara ala
21. Asor budineBebudene ala
22. Asor yudane Kalah
23. Cilik atine kuwatir
24. Kagugah atine semangat meneh
25. Mara tanganseneng milara
26. Mati ilateora bisa ngrasakake enake pangan
27. Nandur kebecikan seneng tetulung