Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Tembung Garba lan tuladhane

Tembung garba yaiku tembung loro kang digandheng kanthi nyuda wandane. Isi utawa surasane supeket banget. Ora saben tembung iku bisa digarba. Tembung-tembung kang kena digarba iku mung tembung sing pungkasaning aksara swara (vocal). Manawa tembunge sing ngarep wekasan "h" sarana mbuwang "h" dhisik.

Tembung garba Asale tembung
1. Aglis Age + gelis
2. AnengAna + ing
3.AranekiArane + iki
4. BisoncatBias + oncat
5. Dadyajat Dadi + ojat
6. Dadyawuh Dadi + ewuh
7. DhemenyarDhemen + anyar
8. Doreng Dora + ing
9. DupyarsaDupi + arsa
10.Jalwestri Jalu + istri
11. Jayeng yuda Jaya + ing + yuda
12.Kalyan Kaleh + lan
13. Kodya Kadi + kaya
14. LagyaningLagi + ing
15.Lumuheng Lumuh + ing
16. Mring Mara + ing
17. Munggeng Mungguh + ing
18. NarendraNara + indra
19. Narpati Nara + adipati
20. NatengNata + ing
21. PraptengPrapta + ing
22. Priyagung Priya + agung
23. Ratwagung Ratu + agung
24. SirekuSira + iku
25.SitinggilSiti + inggil
26. SakingSaka + ing
27. TahtengMentah + mateng
28. Thukmis Bathuk + klimis
29. TumekengTumeka + ing
30. Wulu Sewu + telu