Tembung Lingga

Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh imbuhan apa-apa, utawa tembung kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli. Tembung lingga isoh digolongake wujud bebas. Tembung lingga ana kang dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa telung wanda.
Tuladha:
  • Turu
  • Tangis
  • Pari
  • Pangan
  • Mustaka
  • Tulis
  • Laku
  • Caping