Tembung-Tembung Dasanama
Dasanama tegese tembung-tembung kang nunggal teges. Gegadhengan ing basa Jawa ana warna basa kang manut unggah-ungguhing bisa kaprinci dadi pirang-pirang warna, mula ana tembung sepuluh, luwih utawa kurang saka sepuluh nanging sing nunggal teges.
Tuladha:
| Tembung | Dasanama |
|---|---|
| Angin | bayu, bajra, samirana, sindhung, riwut, aliwawar, maruta, pawana. |
| Anak | suta, tanaya, yoga, atmaja, siwi, putra, weka. |
| Anoman | kapiwara, anjaniputra, maruti, bayutanaya, bayudara, bambang senggana, wanaraseta. |
| Gunung | meru, giri, ardi, aldaka, redi, wukir, ancala, prawata, prabata. |
| Kethek | rewanda, pragosa, kapi, palwaga, wanara, wre, bedhes. |
| Perang | yuda, pupuh, rana, bandayuda, jurit, laga. |
| Ratu | nata, sri, katong, narpati, narendra, naradipa, yangdipati. |
| Rembulan | badra, sasangka, basanta, candra, lek, sasadara, sitoresmi, tengsu, wulan, sasi. |
| Srengenge | surya, baskara, bagaspati, rawi, radite, raditya, arka, diwangkara, bagaskara. |
| Wong | janma, jalma, manungsa, jana, nara. |