Tuladha Homonim lan Homograf
Homonim yaiku tembung yen katitik wujude utawa tulisane padha, pocapane uga padha, nanging tegese beda.
Gatekna tuladha ing ngisor iki!
a. Waos punika dedamel ing jaman kina.
Waos : tumbak
b. Buku punika punapa sampun panjenengan waos?
Waos : waca
Homograf yaiku tembung sing tegese wujud utawa tulisane padha, nanging pocapane lan uga tegese beda.
Gatekna tuladha ing ngisor iki!
a. Nalika angin gedhe wingi kae, gendheng omahku akeh sing pecah.
Gendheng tegese : payon omah.
b. Bocah sing rada gendheng kuwi, nggiya-ngguyu ing pinggir dalan.
Gendheng tegese : edan.