Tulisna perangan kang ana ing pidhato !

Perangan tanggap wacana/pidhato ing antarane yaiku:
• Pambuka
Ing pambuka iki ngandharake salam, ngucapake syukur marang Gusti, lan mbagekake kang padha rawuh.
• Surasa/isi
Perangan iki ngemot andharan isi/bab kang wigati ing tanggap wacana.
• Wasana/Panutup
Ing babagan iki diandharake wos wigatining tanggap wacana lan dudutan/kesimpulane. Sabanjure ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi ngaturake kaluputan anggone ngandharake, lan salam panutup.