Ubarampe kanggo ngrias sesajen upacara wiwit

Sesajen saha ubarampe ingkang dipunginakaken wonten ing upacara wiwit ing upacara wiwit punika ing antawisipun; sega liwet, sega golong ingkang wonten nginggilipun dipun tutup mawi kerak sekul. Lawuhipun sambel gepeng, endhog pitik godhog, saha gereh bakar. Ingkang kangge ngrias sesajen inggih punika uwi, gembili, saha arak-arakan (kadosta gedhang, kimpul, kacang brol, lan ketela) ingkang sampun dipun godhog rumiyin.