Unsur Intrinsik lan Ekstrinsik Sandiwara Jawa

Bab-bab kang ana sajroning sandiwara (unsur intrinsik sandiwara), yaiku kaya ngisor iki.
a. Tema, yaiku underaning prakara kang arupa ide dhasar crita. Tema kang dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kang kerep diprangguli ana bebrayan.
b. Paraga (tokoh) lan watake
  • Paraga utama, yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.
  • Paraga pambiyantu, yaiku paraga kang mbiyantu paraga utama.
  • Watak wantune, yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.
c. Alur, yaiku urut-urutane lakune crita.
d. Amanat, yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.
e. Gaya bahasa, yaiku tata cara panggonane basa (bisa awujud dialek), tata ukara lan majas.

Bab-bab kang ana sanjabane sandiwara (unsur ekstrinsik sandiwara) iku miturut Wellek & Warren (1956) yaiku kaya ngisor iki.
a. Kahanane pangripta.
b. Psikologis pangripta lan pamaos.
c. Kahanan lingkungan ekonomi, sosial, budaya lan politik pangripta.
d. Wawasan urip sawijining bangsa, karya seni, agama, lan liyane.