Watak Tembang Pangkur

Tembang Pangkur iki nduweni watak madhep manteb, banter, nesu, sereng, gagah, prawira, lan semangat. Mulane tembang iki cocog kanggo ngandharake pitutur, katresnan, luhur ngenani budi pekerti utawa kanggo bebukane crita perang. Kayadene tembang-tembang macapat liyane. Tembang Pangkur uga kaiket dening paugeran utawa aturan-atura arupa guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.