Watake Wayang Miturut Bentuke, Jenise, Sunggingane

Watake wayang miturut bentuke, yaiku:
  1. Dhingkluk = sabar, sareh, wicaksana, waspada.
  2. Lancap = kendel, brangasan, siyaga lan waspada, mrongos.
  3. Mendelik = galak, brangasan, gampang nesu, ugal-ugalan.
Watake wayang miturut jenise, yaiku:
  1. Satriya = alus, luhur, sabar, luruh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksana.
  2. Buta = kasar, gemedhe, brangsan, ugal-ugalan, gampang nesu.
  3. Kethek = pencilakan, usil, seneng ngrusui.
Watake wayang miturut sunggingane, yaiku:
  1. Putih, kuning, ireng = tandhane becik, suci.
  2. Abang = tandhane kendel, brangasan.
  3. Biru = tandhan jireh.