Wewaton Kang Kudu Ditindakake Sadurunge Hiking

Kagiyatan hiking ora kena ditindakake sakarepe dhewe. Ana tatanan sing kudu ditindakake luwih dhisik sadurunge nindakake hiking. Wewaton mau kaya kang kababar ing ngisor iki:
  1. Kudu ana idin saka wong tuwa lan kepala sekolah.
  2. Rancangane mateng yaiku papane mbebayani apa ora.
  3. Nyiapake ubarampe sacukupe (sandhang, pangan, obat-obatan, lan surat idin kudu wis lengkap).
Yen kabeh mau wis cumawis, banjur lagi bisa tumindak. Aja lali donga lan nyuwun pangestune bapak lan ibu supaya kagiyatan hikinge pancar, ora ana gangguan apa-apa.